Page 18 - Esmurin Tomodachi 5
P. 18

Java





            Tahun  2008  UNESCO  netepake  kesenian  wayang  lan  keris  dadi

            warisan budaya dunia saka Indonesia.
            Tahun 2009 ana batik lan pendidikan pelatihan batik ditetepake dadi

            warisan budaya dunia dening UNESCO.

            Tahun  2019  ana  pencak  silat  yaiku  salah  sijine  olahraga  ya  budaya
            saka jawa kang diakoni UNESCO.
            Tahun  2021  UNESCO  netepake  gamelan  dadi  warisan  budaya  dunia

            saka Indonesia, gamelan iku warisan budaya jawa.

               Iku  bukti  budaya  Jawa  kang  di  akoni  dening  UNESCO.  Kabeh  kuwi
       nuduhake yen jawa iku sugih kabudayan.

       Saka andharan mau wis cetha yen awake dhewe kudu bungah dadi wong
       jawa.  Yen  awake  dhewe  bisa  nganggo  karaktere  wong  jawa  mesthi  wae

       uripe awake dhewe bakal ayem. Kabeh budaya Jawa kudu diuri-uri. Para
       mudha mudhi duweni kewajiban kenal, lan ngopeni kabudayan Jawa. Yen

       ora  para  generasi  mudha  ngopeni  kabeh  budaya  lan  karakter  bangsa
       Indonesia,  ciri  saka  bangsa  Indonesia  bakal  ilang.  Yen  para  generasi

       mudhane seneng karo budaya manca, tiru karaktere wong manca, suwe-
       suwe bangsa Indonesia ilang kapribadine.

            Mula saka andharan mau, apa maneh kang gawe isin dadi wong jawa?

       Wong jawa iku bagian saka bangsa Indonesia, kang kudune awake dhewe
       bungah  duweni  kabudayan  kang  akeh  banget  lan  karakter  kang  gawe
       bangsa manca dadi remen wisata ing Indonesia. Yen ora awake dhwe lan

       para  mudha  mudhi  kang  ngopeni  budaya  arep  sopo  maneh?  Ayo  para

       generasi Y, generasi Z, lan generasi Alpha, ojo isin dadi wong jawa, ojo lali
       karo  kapribadine  bangsa  Indonesia,  ojo  nganti  wong  jawa  ilang  jawane

       saengga dadekake wong manca dadi wong jawa.





















                                                                                                         14
   13   14   15   16   17   18   19   20   21   22   23