Page 17 - Esmurin Tomodachi 5
P. 17
Java
Bungah Dadi Wong Jawa
Oleh Ust Farida
“Kenapa kok isih isin dadi wong jawa?” Pitakonan iki ono amarga akeh para
mudha mudhi kang isin ngakoni dheweke kuwi wong jawa.
“Apa buktine?” Yo akeh, tuladhane yen matur utawa ngendikan ora
nganggo unggah ungguh, kang disenengi masakan bangsa liya.
Lhah iki, kang kudu diduduhake kaya apa sejatine wong jawa kang sugih
banget budayane. Supaya dadi tresna karo budayane jawa.
Sepisan awake dhewe kudu mangerteni kaya apa to karaktere wong jawa
iku. Wong jawa kang sejatine iku duweni karakter sumeh (ramah), andhap
ashor lan duweni unggah ungguh (sopan santun). Kabeh karakter kuwi uga
dadi karaktere bangsa Indonesia kang kawentar ing bangsa manca. Amarga
jawa iku uga bagian saka Indonesia. Saka karakter wong jawa, kang rumaket
dadi karaktere bangsa Indonesia, iki kang dadekake bangsa manca remen
banget wisata ing negara Indonesia. Yen karakter-karakter kuwi mau
dilakokake ing urip padinan, mesthi wae uripe bakal akeh sedulure.
Kang kapindho saka budayane. Jawa iku sugih banget budayane,
tuladhane ana wayang, gamelan, tarian, keris. Salah sijine budaya bangsa
Indonesia kang diakoni UNESCO dadi Warisan Budaya Dunia yaiku saka
budaya jawa. Ana ing salah sijine artikel kang ditulis kompas.com
diandharke ana 12 budaya Indonesia kang diakoni UNESCO dadi Warisan
Budaya Dunia, saka kang cacahe 12 mau, kang 5 budaya saka Jawa.
13