Page 18 - Esmurin Tomodachi 6
P. 18

Java







                    Tembung-tembung  kasebut  duweni  fungsi  utawa  kagunaan  dewe-dewe.
            Kagunaane yaiku :
            Nalika diaturi hadiah utawa pitulungan kudu bisa ngendika “matur nuwun”.
            Nalika kasusahan lan butuhake bantuan kudu ngendika “nyuwun tulung”.
            Nalika  arep  lewat  utawa  arep  lungguh  ing  papan  panggonan  umum  kudu
            ngendika “nuwun sewu”.
            Nalika duwe salah kudu ngendika “pangapunten”.
            Nalika arep ngaturi mlebet tamu kudu ngendika “sumangga”.


                    Tembung-tembung  iku  kang  dadi  asal  usule  “5  kata  ajaib”  ing  basa

            Indonesia”.  Tetembungan  iku  uga  kang  dadikake  bangsa  Indonesia  kawentar
            kesumehane dening bangsa manca.
            Tembung-tembung ing dhuwur iku kang aran aji kasektene wong jawa. Kenapa
            bisa kasebut aji kasektene wong jawa amarga saka tembung-tembung iku wong
            jawa duweni unggah-ungguh utawa tata krama dening pawongan liya. Iki kang
            dadekake wong jawa dadi priyayi kang luhur budine. Saka tetembungan mau
            nalika diterapake ing urip padinan mesthi wae mujudake urip bebarengan kang
            guyub rukun uga adem ayem.

                Mula ayo para murid, wiwit saiki kudu bisa migunakake tetembungan mau
            ing urip padinan supaya karipta urip kang gayeng guyub rukun adem ayem lan
            paling wigati supaya budaya jawa kang arupa unggah-ungguh basa tetep bisa
            dilestarikake  diturunake  ing  generasi  penerus.  Yen  awake  dhewe  kepengen
            diajeni  dening  priyayi  liya  awake  dhewe  kudu  bisa  ngajeni  priyayi  liya,  lan
            kanggo pangeling-eling “Ajining raga saka busana, ajining dhiri saka lathi”.




                      Terjemah :

                Nyuwun tulung=Minta tolong
                Matur nuwun=Terima kasih
                Nuwun sewu=Permisi
                Pangapunten=Mohon maaf
                Sumangga=Silahkan

















                                                                                                         14
   13   14   15   16   17   18   19   20   21   22   23